OJO
GELO
(Dening
: Reynaldy rio Prasetya)
Nang
sawijining deso jenenge deso makmur kecamatan gedangan kota jombang, enek
sahabat 3 jenenge abi, rama, lan udin. Sahabat 3 iku maeng nangdi nangdi mesti
bareng. Wiwit budal sekolah nganti wayah
bengi sinau bareng. Saiki sahabat 3 iku maeng wes kelas 3 SMA, mulane podo
sregep sinau kabeh. Ujian nasional kurang sedino engkas sahabat 3 iku maeng
sinau bareng nang omah e abi. Sakwise ujian nasional sahabat 3 iku maeng mlaku
mlaku menyang suroboyo gawe nyegerno pikiran. Sakwise ujian kegiatan e wes gak
koyok biasane saiki wes podho santai tapi isih tetep sinau gawe tes nang
perguruan tinggi. Ujian nasional wes mari lan hasil e wes diumumno saka cah 3
maeng abi entuk biji duwur dewe disusul udin karo rama.
Sakwise
diumumno kuwi maeng bocah bocah podo sibuk gawe daftar perguruan tinggi.
Sahabat 3 maeng pisah sekolah sing abi nang suroboyo rama nang malang lan udin
nang jember. Masio bedo kutho sahabat 3 iki isih tetep nyambung silahturahmi.
Pas podho mulih menyang jombang wong 3 iku maeng podho dolan bareng muter muter
kutho jombang. 4 tahun wes kelakon lan saiki wes podo lulus soko pergruan
tinggi lan saiki wes podo entuk kerjo kabeh.
Abi
karo rama podo podo entuk kerjo nang jombang lain hal e karo udin, udin entuk
kerjo nang suroboyo. Masio udin nang suroboyo tapi sakminggu pisan mesti muleh
menyang jombang. 2 tahun udin kerjo nang suroboyo lan akhire di pindah nang
jombang, udin bersyukur banget dipindah nang jombang amarga iso kumpul karo
sahabat e yoiku abi lan rama. Pas udin moleh kuwi bebarengan karo nikahane abi.
Wong 3 iku maeng foto bareng pas nang pernikahan e abi.
Sahabat
3 iki maeng manggon nang deso sing podo yoiku deso makmur. Nang deso makmur iki
enek kembang deso jenenge ajijah. Ajijah kuwi gadis sing ayu banget, sabar lan
pinte. Rama lan Udin.meneng meneng podo seneng karo ajijah. Rama sing wes siap
ngelamar ajijah budal menyang omah e ajijah, kejadian ora disongko songko udin
yo budal menyang omah e ajijah gawe ngelamar gadis deso iku. Rama kaget udin
wes teko nang omah e ajijah, rama takon nang udin enek opo nang omah e ajijah
udin jawab yen kate ngelamar ajijah ora suwe wong tuwone ajijah metu lan
ngongkon wong 2 iku maeng mlebu. Wong 2 iku maeng jelasno tujuan e nang omah e
ajijah maeng. Wong tuwone erimo lamaran wong loro iku maeng, tapi keputusan ono
ing tangan e ajijah. Ajijah bebas milih antara wong loro iku. Akhire ajijah
milih rama sing dadi calon bojo e lan udin ditolak, udin sing cinta banget nang
ajijah mangkel lan gelo tapi piye maneh ajijah luweh milih rama ketimbang udin.
Akhire persahabatane wong 2 iku rodok renggang udin duwe roso mangkel nang
rama. Masio isih duwe roso mangkel nang rama lan ajijah, udin pun saiki wes
nikah karo wong liyo.
Nang
deso Makmur enek pemilihan kepolo deso lan sahabat 3 maeng nyalono dadi calon
kepolo deso. Nomer urut 1 yoiku abi, nomer 2 yoiku rama lan nomer urut 3 yoiku udin. Panitia ngewenehi
waktu sak minggu gawe kampanye lan ora oleh curang.. Abi kampanye lewat
pengajian lan ndungo bareng. Rama lewat pidato lan dungo bareng. Udin sing isih
mangkel karo rama duwe niatan elek nang kampanye iki, udin pidato nang ngarep e
warga. Bengine udin lan tim sukses e moro nang omah e warga lan bagi-bagi
dhuwit, nyambi bagi-bagi dhuwit udin ngelek ngelekno jeneng e rama lan ngongkon
ojo milih rama. Tim sukses e rama sing ngerti kejadian iku langsung lapor nang
rama, rama sing sabar lan senengane guyon ora dipikir jeru masalah iki. Rama
mung ngguya ngguyu pas krungu kejadian iki.
Dino
Minggu tepat e pimilihan kepolo deso dimulai. Wiwit isuk nganti sore pemilihan
dilakoni. Jam 4 sore wayah e pengumuman. Suwi anggone ngitung jam 7 sore wes
mari pengitungan. Pak rama entuk suoro paling duwur disusul abi lan udin.
Sawise pengitungan suoro kabeh podo jabat tangan, rama akhire ngajak ngomong
udin wong loro lan nang kunu enek ajijah, abi delok soko adohan lan dadi
penengah. Akhire rama ngomong nang udin
yen ngerti kejadian pas kampanye. Udin kaget lan ngeroso bersalah akhire udin
njaluk sepuro nang rama lan ajijah akhire persahabatan wong 3 wes mbalek koyok
biyen lan nang akhir rama ngece udin yen ora iso ngetukno ajijah akhire kabeh
podo ngguyu hahaha…
~TAMAT~
0 thoughts on "OJO GELO"