NAMA :
TATAG INDAH L
KELAS :
XII MIA 2
NO :
26
Kesempatan
Mung Sepisan
Sore iki hawane
adem banget,angene semilir – semilir. Aku lagi lungguh karo koncoku sing
jenenge Faizah ing pinggire masjid sekolahku. Nanging kahanan iku berubah
sawise aku mbukan layang saka Hpku layang kuwi saka mas Hendra kang isine aku
kon ngelalekno dheweke. Mas Hendra kuwi Mas sing tak tresnani wiiiwit aku mulai
melbu SMA. Mbiyen aku isih kelas 10 yen Mas Hendra kuwi kelas 12. Aku karo Mas
Hendra wes cidek banget nanging ora pacaran. Setahun wes kalewat aku karo Mas
Hendra tambah cidek wae tappi Mas Hendra lulus saka SMA. Naging hubunganku
tetep lanjut. Mas Hendra kuliah nang jogja aku mong pasrah marang gusti dongaku
mung supaya Mas Hendra dipenakne olehe golek ngelmu. Aku yo ora ngerti lapo Mas
Hendra ngomong ngunu marang aku. Padahal aku yo setia ora tau neka-neko masio
adoh karo Mas Hendra.
Kabeh uwong
mesti iso mbayangno lorone atiku marang Mas Hendra. Tresnaku sing tak jogo2
tahun dibales koyo ngeneki. Faizah kaget ndelok aku sing dadi mueneg karo
mripatku sing wes betem banget. “kowe kwnw opo to ras? ” takone Faizah. “ora
opo za !!!” jawabku. Hpku tak kekno marang faiza njur Faiza moco layang soko
Mas Hendra. “oalah ras arek koyok ngunukuwi wes lalekno ae” jawabe Faiza. “Saiki
kowe kudu nbukak atimu gawe arek liyo Ras” tambahe Faiza.
Perjalanan mulih
Aku tyerus kepikiran sopo yo sing iso nggantekake Mas Hendra ing atiku. Mas
Hendra iku arek e bedo. Arek e alim, pinter, raine yo putih resik’ lan ora tau
neko – neko. Pikirku yo ora bakal ono. Amerga ngerti yen aku lagi galau Faizah
ngajak aku dadiii panitia IKRAM kang ngurusi acara agama bareng arek sak
jombang. Karepe Faizah ben aku iso nemu arek liyo neng kunu. Tapi ora iso najan
arek e yo nganteng lan alim-alim.
Nanging kabeh
iku bedo nalikaning Aku ketemu karo arek lanang sing tak temui ing rapat Maulid
Nabi ing sekolah. “kuwi sopo to za??, kok jarang eroh klebate” takonku marang
Faizah. “kuwi farel Ras, adik kelaseawakdewe. Lapo kowe ser to???” kandane
Faiza. “ora za, atihku isih loro. Aku wes aras-arasen karo arek lanang”
jawabku. “ojo ngunu engko kowe kepangan omonganmu dewe lho!!” tambahe Faizah.
Nek dipikir-pikir ancen adik iku yo ngganteng opo maneh pas ngerti adik iku
kerjone cak cek banget. Paling gara –gara Faizah aku di tugasake sing lapo –
lapo mesti karo bocah iku. Amerga sering kerja bareng akhire mulai enek rasa
kang bedha marang adhik Farel. Aku karo dek Farel mulai kirim kiriman layang.
Awale mung mbahas acara Maulid Nabi tapi akhire mblarah anjok endi –endi. Aku
mulai nyaman karo dek Farel bener omonge Faizah. Nanging pas aku mulai cidek
karo Dek Farel Mas Hendra teko maneh njaluk sepuro. Tekan kunu Aku mulai
bingung Mas Hendra kuwi cah apik lan tresna inggalku ing SMA, tapi dheweke tau
gawe loro atiku. Lha Dek Farel iku enek nanging pikirane gak sedewasa Mas
Hendra. Aku jaluk pendapate koncoku Faizah. “wes to karo Farel ae ” jawabe
Faizah.
Sedinoan Aku
mikir. Tekan kunu Aku mulai ngerti yen Mas Hendra kuwi wes ngelarani atiku,
dheweke wes ngilangake kesempatan sing ono gawe mbuktekno nek dheweke tresna
marang aku. Aku wes netepnoathiku yen aku kuduiso lali marang Mas Hendra.
Isok iku dino sabtu Aku budhal isuk –
ishuk banget soale Aku piket. Niiing dalan Aku ketemu Dek Farel nanging dheweke
nunduk terus ngaleh. Aku bingung Farel kenek opo kok koyo ngunu. Jam pelajaran
pikiranku wis ora iso konsen. Bel muleh muni Aku langsung metu kelas, pengen
takok nang Farel lapo sikape berubah. Biasane farel wis adzan ing masjid
sekolah nanging iki mau kok ora krungu swarane. Saka adoh aku ketok Farel
nyangklok tas metu nang arah gerbag. Wes rasane athiku gak karo – karoan. Aku
melu jamaah sholat ing masjid sekolah, uga melu wiritan sak marine. Njur aku
melbu ing markase ekskulku Remas. Aku kaget pas aku bukak lawang ono Farel sing
nggitar nyanyi lagu kangngungkapake rasa tresnane marang aku. Aku gak tau
nyongko sebab Farel iku arek sing terkenal ing sekolah uga ekeh sing nyenengi.
Pas tak takok I lapo kowe milih aku. “soale mbak sing iso gswe aku ngerti yen
urip iku kudu tanggung jawab ”jawabe Farel. Ancen aku tau nggandeni dheweke.
Gak kesuwen Frel tak trimo. Njur mas Hendra sering kirim layang yen dheweke
nyesel ninggalno aku. Tapi aku wes ora ngatur sebab Farel iiiku wes gawe seneng
aku luwih soko Mas Hendra. Yen Mas Hendra ngerti kesempatannn iku mung sepisan
mas mula ojo di siak – siakno. Kabeh ora iso dibaleni. Mula kabeh yen duwe
kesempatan gaween sak apik-apik e.
Dening
: Tatag Indah Larasati
0 thoughts on " Kesempatan Mung Sepisan"